-->

Lirik Lagu Daerah Yogyakarta

Serba-tradisional - Yogyakarta dikenal sebagai Daerah Istimewa, kalau menurut penulis hal ini sangat tepat karena Jogjakarta memang sangat istimewa di hati penulis :D. Apalagi penulis pernah tinggal dan menetap di Yogyakarta ini, menurut penulis orang yang pernah tinggal di Yogyakarta, pasti ingin sekali waktu kembali ke kota yang penuh kenangan, kota yang penuh sejarah, makanan yang murah (maklum dulu penulis pekerjaannya sebagai anak kost, yang suka nyari makan ditempat yang paaaaling murah heheh), adat budaya dan kesenian yang melimpah. Tidak terkecuali dengan lagu daerah...


Lagu Daerah Yogyakarta sangat banyak lho Sobat, tapi yang kali ini saya tulis hanya beberapa lagu yang memang sudah dikenal masyarakat Yogyakarta sejak zaman dahulu kala. Dan sudah ada dalam daftar lagu daerah Indonesia.

Nah biar ga kepanjangan pengantarnya, langsung saja kita simak lirik lagu daerah Jogjakarta dibawah ini :

1. Lagu Daerah Yogyakarta : Pitik Tukung


Aku duwe pitik, pitik tukung
saben dina, tak pakani jagung
petok gogok petok petok ngendhog siji
tak teteske,kabeh trondhol dhol dhol
tanpa wulu, megal-megol gol gol gawe guyu
Aku duwe pithik cilik wulune Brintik
Cucuk kuning Jengger Abang Tarung mesti menang
Sopo wani karo aku musuh pithikku



2. Lagu Daerah Yogyakarta : Sinom

Amenangi jaman edan
ewuh aja ing pambudi
melu edan ora tahan
jen tan melu anglakoni
boya kaduman melik kaliren
wekasanipun dilalah karsa Allah
begjane kang lali
luwih begja kang engling lan waspada

3. Lagu Daerah Yogyakarta : Suwe Ora Jamu  

Suwe ora jamu
Jamu godhong telo
Suwe ora ketemu
Temu pisan atine gelo

Suwe ora jamu
Jamu sogo thunteng
Suwe ora ketemu
Temu pisan atine seneng


Suwe ora jamu
amu godhong bunder
Suwe ora ketemu
Temu pisan tambah pinter



4. Lagu Daerah Yogyakarta : Te Kate Dipanah


Te kate dipanah
Dipanah ngisor gelagah
Ana manuk konde-onde
Mbok sirbombok mbok sirkate
Mbok sirbombok mbok sirkate

5. Lagu Daera Yogyakarta : Walang Kekek


Walang kekek, menclok nang tenggok
Mabur maneh, menclok nang pari
Ojo ngenyek yo mas, karo wong wedho
Yen ditinggal lungo, setengah mati
E… ya ye…, ya ye… ya
E ya… yae yai, e yaiyo yaiyo

Manuk sriti kecemplung banyu
Bengi ngimpi awan ketemu
Walang abang menclok neng koro
Walang biru.. walange putih
Bujang maneh yo mas, ora ngluyuro
Sing wis duwe putu, ra tau mulih
E… ya ye…, ya ye… ya
E ya… yae yai, e yaiyo yaiyo

Biso nggambang yo mas, ora biso nyuling
Biso nyawang, ora biso nyanding
Walang ireng, mabur brenggenggeng
Walang ireng, dowo suthange
Yen podo seneng yo mas, ojo mung mandeng
Golek ono ngendi omahe
E… ya ye…, ya ye… ya
E ya… yae yai, e yaiyo yaiyo
Biso nggambang yo mas, ora biso ndemung
Biso nyawang, ora wani nembung
Walang kekek, walange kayu
Walang kayu, tibo neng lemah
Yen kepingin yo mas, arep melu aku
Yen mung trimo, tak kon jogo ngomah
E… ya ye…, ya ye… ya
E ya… yae yai, e yaiyo yaiyo

Andeng-andeng, ono pilingan
Ojo dipandeng, mundak kelingan
Walang kekek menclok neng tampah
Mabrur mrene, menclok wit pete
Sumengkemo mring Gusti Allah
Nindakake dawuh-dawuhe
E… ya ye…, ya ye… ya
E ya… yae yai, e yaiyo yaiyo

Walang kekek menclok neng tali
Limang wektu ojo nganti lali
E… ya ye…, ya ye… ya
E ya… yae yai, e yaiyo yaiyo
Walang kekek, walange kadung
Walang kekek sampun rampung



6. Lagu Daerah Yogyakarta : Jangkrik Genggong

Kendhal kaliné wungu, ajar kenal karo aku
Léléné mati digepuk, gepuk nganggo walesané
Suwé ora pethuk, ati sida remuk, kepethuk mung suwarané
é ya é ya é..é yaé yaé yaé yaé
Jangkrik génggong, jangkrik génggong, luwih becik omong kosong
Semarang kaliné banjir, ja sumelang ra dipikir
Jangkrik upa saba ning tonggok, malumpat ning tengah jogan
Wis wataké priya, jaré ngaku setya, tekan dalan selèwèngan
é ya é ya é..é yaé yaé yaé yaé
Jangkrik génggong, jangkrik génggong, wani nglirik sepi nguwong
Yèn ngétan bali ngulon, tiwas édan ora kelakon
Yèn ngrujak ngrujaka nanas, aja ditambahi kwèni
Kéné tiwas nggagas, awak adhem panas, jebul ana sing nduwèni
é ya é ya é..é yaé yaé yaé yaé
Jangkrik génggong, jangkrik génggong, sampun cekap mangsa borong.



Nah demikian Sobat, 6 lirik lagu daerah Yogyakarta. Lain kali penulis akan menambah koleksi lirik lagu daerah dari yogyakarta, karena masi banyak lo lagu daerah tradisi dari Yogyakarta ini yang belum ada seperti gethuk, ande-ande lumut, caping gunung de el el....
Update sudah terbit kelanjutan artikel ini: 5 Lirik lagu daerah Jogjakarta.

0 komentar:

Posting Komentar

 

Copyright 2015 GURU PEMBELAJAR