-->

5 Lirik Lagu Daerah Jogjakarta Bagian 2

serba-tradisonal- Selamat berjupa lagi Sobat.. kali ini kita masih akan mengenal beberapa lagu daerah yang berasal dari Jogjakarta. Ini adalah artikel lirik lagu daerah Jogjakarta Bagian 2, untuk Sobat yang belum membaca artikel sebelumnya klik tautan Lirik Lagu Daerah Yogyakarta Bagian ke 1.



1. Lirik Lagu Daerah Jogjakarta - Gethuk




Soré-soré padhang bulan,
ayo kanca padha dolanan
Réné-réné bebarengan,
ramé-ramé é dha gegojegan

Kaé-kaé rembulané,
yen tak sawang kok ngawé-awé
Kaya-kaya ngélikaké,
kanca kabèh aja padha turu soré

Gethuk, asalé saka téla
Mata ngantuk, iku tambané apa
Ah ala gethuk, asalé saka téla
yèn ra pethuk, atiné rada gela

Aja ngono mas, aja aja ngono
Kadhung janji mas, aku mengko gela

Video Campur Sari Gethuk



2. Lirik Lagu Daerah Jogjakarta - Caping Gunung (Cipt : Gesang)


Dhek jaman berjuang
Njur kelingan anak lanang
Mbiyen tak openi
Ning saiki ana ngendi

Jarene wis menang
Keturutan sing digadhang
Mbiyen ninggal janji
Ning saiki apa lali

Ning gunung tak cadhongi sega jagung
Yen mendhung tak silihi caping gunung
Sokur bisa nyawang
Gunung ndesa dadi reja
Dene ora ilang nggone padha lara lapa

Video Caping Gunung




3. Lirik Lagu Daerah Jogjakarta - Ande Ande Lumut


Putraku si Andhe Andhe Andhe Lumut
Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine, ngger, sing ayu rupane
Klenthing Abang iku kang dadi asmane

Adhuh, Ibu, kula dereng purun
Adhuh, Ibu kula mboten mudhun
Nadyan ayu sisane si Yuyu Kang-kang

Putraku si Andhe Andhe Andhe Lumut
Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine, ngger, sing ayu rupane
Klenting Ijo iku kang dadi asmane

Adhuh, Ibu, Ibu sampun meksa
Kang putra taksih dereng kersa
Amargi putra taksih nandhang asmara
Adhuh, Ibu, kula dereng purun
Adhuh, Ibu kula mboten mudhun
Nadyan ayu sisane si Yuyu Kang-kang

 Putraku si Andhe Andhe Andhe Lumut
Temuruna ana putri kang unggah-unggahi
Putrine, ngger, sing ayu rupane
Klenthing Kuning iku kang dadi asmane

Adhuh, Ibu, kula inggih purun
Kang putra inggih badhe mudhun
Nadyan ala punika kang putra suwun
Video Campursari Ande Ande Lumut




4. Lirik Lagu Daerah Jogjakarta - Gek Kepiye




Duh kaya ngene rasane
Anake wong ora duwe
Ngalor ngidul tansah diece
Karo kanca kancane

Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe
Pye pye pye pye ya ben rasakna
Pye pye pye pye rasakna dewe

Besuk kapan aku bisa
Urip kang luwih mulya
Melu nyunjung drajating bangsa
Indonesia kang mulya

Pye pye pye pye mbuh ra weruh
Pye pye pye pye mbuh ra ngerti
Pye pye pye pye mbuh ra weruh
Pye pye pye pye mbuh ra ngerti


5. Lirik Lagu Daerah Jogjakarta - Menthok Menthok


Menthok, menthok tak kandhani
Mung lakumu angisin isini
Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae
Enak enak ngorok ora nyambut gawe
Menthok, menthok mung lakumu
Megal megol gawe guyu
Video Menthok Menthok



Demikian Sobat serba-tradisional, 5 lirik lagi daerah Jogjakartasemoga bermanfaat.




0 komentar:

Posting Komentar

 

Copyright 2015 GURU PEMBELAJAR